Anak Sawahan
Ing dina Setu sore ana 3 bocah lagi dolan ing sawah.3 bocah kui jeneng e Joko,Fikri,lan Fery.Joko lan 2 koncone lagi nonton bocah-bocah liane lagi dolanan layangan.Joko ngejak Fikri lan Fery kanggo nggawe layangan.
Joko: " Ayo cah nggawe layangan".
Fery: " Yowes ayo nggawe layangan daripada nonton bocah-bocah dolanan layangan".
Fikri: "Aku setuju karo idemu Jok,ayo nggawe layangan sak iki".
Joko:"sak iki ayo golek Pring kanggo nggawe layangan".
Fery:"ayo".
Fikri:"ayo".
Joko,Fikri,lan Fery menyang alas kanggo golek Pring.Sadurunge golek Pring Joko nyilih golok ing omahe Mbah kakung.
Joko:"la iki Pring e wes temu".
Fikri:" Wahh Pring apik iki Jok,cocok iki kanggo nggawe layangan".
Fery:" Iya,apik iki Pring e Jok".
Fikri:" Ayo ndang dikethok Pring e".
Fery:" Ayo jok dikethok".
Joko njupuk golok e kanggo ngethok Pring e.
Joko:" Iki wes tak kethok Pring e cah".
Fikri:" Mantep Jok".
Fery:" Ayo sak iki nggawe layangan ing omahku".
Joko:"Ayo Fer".
Fikri:"Ayo Fer".
Bocah 3 mau wes teko ing omah Fery. Bocah 3 kui langsung nggawe layangan saka Pring mau.
Joko:"Iki layangan wes dadi cah".
Fikri:"Muantepp iki layangan e".
Fery:"Ayo ndang diumbulke cah".
Joko:"Ayo mumpung angin e gedhe".
Fikri:"Ayo ayo".
Bocah 3 mau langsung menyang sawah kanggo ngumbulke layangan.Layangane mumbul duwur.bocah 3 mau seneng amarga layangan e iso mumbul duwur.
Fikri:"Layangane mumbul duwur cah".
Joko:" Iya Fik,mantep iki layangane".
Fery:"Iya Fik,mantep".
Joko:"Ayo ndang ditaleni ing wit cah iki layangane".
Fikri:"Ayo".
Fery:"Ayo".
Sakwise layangan mau ditaleni ing wit.Fikri nduwe ide gawe mancing welut ing sawah.Fikri ngejak Joko lan Fery mancing welut.Joko lan Fery setuju karo ide ne Fikri.
Fikri:"Ayo cah mancing welut".
Joko:"Wihhh apik idemu Fik".
Fery:"Iya aku setuju karo idemu Fik".
Fikri:"Ayo nggawe alat pancing saka Pring lan senar bekas nggawe layangan mau".
Joko:"Ayo ayo".
Alat pancinge wis dadi,Joko lan bocah 2 kui langsung menyang sawah kanggo mancing welut.Fery lan Fikri oleh bagian gawe nggolek umpan kanggo mancing welut (precil lan keong sawah).joko bagian nggolek panggon sing cocok kanggo mancing welut.akhir e welut e kekumpul 4.Joko ngejak Fikri lan Fery gawe mbakar welut mau.
Joko:"Ayo cah dibakar welut e".
Fikri:"Ndang ayo selak luwe aku".
Fery:"Sek tak jupukke bumbune".
Fery mulih menyang omah kanggo njupuk bumbu-bumbune (lombok,bawang,uyah lan gula).Welut e wes dibakar karo joko lan Fikri.Fery bagian nggawe sambel.Sambel e wes dadi,Joko lan bocah 2 mau langsung mangan welut bakar lan sambel e.sakwise mangan welut bakar ,Joko lan 2 bocah kui mulih ing omahe dewe-dewe.
Dina Minggu esuk Joko ngejak Fery lan Fikri dolanan bal-balan ing lapangan ngarep omah e Joko.Fery lan Fikri langsung menyang ing lapangan gawe bal-balan.Joko lan bocah loro kui bal-balan nganti awan.Sakwise bal-balan,Joko ngejak Fery lan Fikri gawe ngendangi layangane sing ditaleni ing wit sanding sawah.
Joko:"Oh iya piye kabare layangane dewe?".
Fery:"Ayo ndang di endangi cah layangane".
Fikri:"Ayo Fer".
Joko lan bocah 2 kui langsung cepet-cepet gawe nonton layangane, wedine bocah 3 kui enek sing njupuk layangane.Tibak e layangane isih ana ing sawah.Fery ngejak Joko lan Fikri kanggo tuku es ing warung sanding sawah.
Fery:"Ayo cah tuku es,aku ngelak ki".
Joko:"Podo Fer,aku yo ngelak iki".
Fikri:"Enak iki panas-panas ngombe es".
Fery:"Iyo cocok Fik panas-panas tuku es".
Sakwise tuku es,Joko ngejak Fery lan Fikri gawe adus ing sawah e bapakke ,mumpung sawahe ana diesel e.
Fikri:"sakwise ngombe es paling penak adus ing sawah iki".
Joko:"Yowes ayo sak iki adus ing sawah e bapakku, mumpung sawahe bapakku ana diesel e".
Fery:"Ayo Jok,gak sabar aku adus karo banyu diesel pasti suegerrrr iki banyune".
Sakwise adus bocah 3 kui mulih menyang omahe dewe-dewe.Bocah 3 kui mau mesti berbarengan ing ngendi wae.

Komentar
Posting Komentar